Mbah Darmin sing lagek teko neng rondhan semaur “Kowe ngomong opo leh Jam…ototem neng gulu kok ngantek ndlojor sak driji-driji…”.
“Niku lho Mbah…tipi kok isine wong dho undhat-undhat…dho mbukak wadine dhewe-dhewe…” Ternyata Jamuri emosi, mben dino ndelok tipi isine mok berita artis-artis dho gumeg. “Sing dadi eyang diarani tukang mbodhoni, bojone uakih, nganakno pengajaran sesat…sing ngarani kok yo bekas cantrik-e…lha wong olehe meguru wis taunan kok lagek alok….pripun ngoteniku Mbah?”
“Emboh Jam…pikiraku gak nyandhak…” Mbah Darmin nyauri, ora lali karo ngebulno keluke rokok. “Mulane kowe tak kandhani…nek lagek apik karo uwong yo ojo dialem kliwat-liwat apike. Jogo-jogo ngko nek dadi elek ben gak diundhat-undhat….Suwalike nek lagek elek karo uwong yo ojo kliwat-liwat olehe ngelek-elek…jogo-jogo ngko nek dadi apik ben gak patek kisinan… kabeh pokoke sing wajar-wajar ae…”
Jamuri malah diceramahi karo Mbah Darmin. “Malah nek iso kowe kudu apikan karo kabeh…sing wis hubungan apik dijogo tetep apik…sing hubunganem gak apik yo ndang gagenan piye carane ben iso apik…..saklumrahe ae…..” Ceramahe berlanjut.
“Mboten Mbah…niki nek umpamane sampeyan diarani ‘Eyang’ ngoten pripun Mbah?… Matoh iki Mbah ketoke…Eyang Darmin…” Jamuri nggawe odo-odo, omongane karo nyungar-nyungir. Bocah-bocah neng rondhan kono malah ngombyongi “Nggih Mbah…mandhess iku…!!!”
“Haayyaah…ora ono ntut mbirut Eyang-eyangan barang…Kowe seneng nek aku tukaran karo Badi…trus Badi mlebu tipi … jenenge diganti…!!!”
“Lho… diganti sinten Mbah….?”
“Badi bing slamet…..!!!”
http://pinggirprapatan1.wordpress.com/2013/05/01/gumeg/













0 komentar:
Posting Komentar